Minggu, 19 Februari 2012

primbon jawa





































NEPTUNING DINANEPTUNING PASARAN
Ahad = 5Legi = 5
Senen = 4Pahing = 9
Selasa = 3P o n = 7
Rabu = 7Wage = 4
Kemis = 8Kliwon = 8
Jum’at = 6
Sabtu = 9


DINA KALAHIRAN SARTA PANGURIPANE


Minangka pinuju kalairanipun kapendhet
saking gunggungipun neptu dinten lan pasaran, lajeng dipun wuwuhi
kalawan neptunipun sasi :
































muharram

neptunipun setunggal
Rajab

neptunipun tiga
Shafar

neptunipun tiga
Sya’ban

neptunipun gangsal
Rabi’ulawal

neptunipun sekawan
Ramadhan

neptunipun enem
Rabi’ulakhir

neptunipun enem
Syawal

neptunipun setunggal
Jumadi’lawal

neptunipun pitu
Zulkaidah

neptunipun kalih
Jumadi’lakhir

neptunipun kalih
Zulhijjah

neptunipun sekawan






Kapendhet saking neptunipun sasi
kalairan, Sakmenika gunggungipun wau menawi langkung saking 10, lajeng
ditilar 9, pinten sisanipun. Menawi sisa :


1. 2 utawi 6, menika wiji Lor, kang dados panguripanipun dagang, sanadyan kalih liya-liyanipun sampun benten kaliyan dagang.


2. 3 utawi 5, menika wiji kilen,
panguripanipun laku Santri, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun
benten kaliyan saking laku Santri.


3. 1 utawi 4, menika wiji Wetan,
panguripanipun lakui priyayi, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun
benten kaliyan saking laku Priyayi.


4. 7 utawi 8, menika wiji Kidul, panguripanipun among tani, sanadyan kalih liya-liyanipun, sampun benten kaliyan among tani.


5. 9, menika dipun wastani : tanpa
tenggak tanpa siran, inggih menika wiji Raja, watakipun boten kenging
dipun perintah, malah mrentah.


PETUNG PANCA SUDA






WATAKING MANUNGSA SAKA DINA KALAIRANE





















Dina Ahad
Legi : Sumur Sinaba

Paing : Wasesa Sagara

Pon : Bumi Kapethak

Wage : Satria Wibawa

Kliwon : Lebu Katiyub Angin
Dina Kemis
Legi : Satria Wibawa

Paing : Lebu Katiyup Angin

Pon : Satria Wibawa

Wage : Tunggak Semi

Kliwon : Bumi Kapethak
Dina Senen
Legi : Tunggak Semi

Paing : Wasesa Sagara

Pon : Sumur Sinaba

Wage : Wasesa Sagara

Kliwon : Satria Wirang
Dina Jum’at
Legi : Satria Wirang

Paing : Tunggak Semi

Pon : Lebu katiyup Anging

Wage : Sumur Sinaba

Kliwon : Wasesa Sagara
Dina Selasa
Legi : Wasesa Segara

Paing : Satria Wirang

Pon : Satria Wibawa

Wage : Lebu Katiyub Angin

Kliwon : Sumur Sinaba
Dina Sabtu
Legi : Bumi Kapethak

Paing : Satria Wibawa

Pon : Wasesa Sagara

Wage : Satria Wirang

Kliwon : Tunggak Semi
Dina Rebo
Legi : Sumur Sinaba

Paing : Wasesa Segara

Pon : Bumi Kapethak

Wage : Satria Wibawa

Kliwon : Lebu Katiyub Angin



* Nyuwun gunging pangaksami bilih wonten ngandhap punika mawi Basa Jawi ngoko.


PETUNG PANCASUDA

Kangge nikahake temanten.


Ing ngisor iki petungan ala beciking
dina kang prayoga kapilih utawa sinirik lamun arep nikahake panganten,
miliha dina kang becik kanggo nikahan. Anjupuka neptuning dina lan
neptuning pasaran ginunggung, ananging neptu-neptu mau kudu awewaton
neptu-neptu kang kang tumrap petungan Pancasuda-Ringkes, yakuwi:





































NEPTUNING DINANEPTUNING PASARAN
Ahad

neptune 3
Legi

neptune 2
Senen

neptune 4
Pahing

neptune 3
Selasa

neptune 5
P o n

neptune 4
Rabu

neptune 6
Wage

neptune 5
Kemis

neptune 7
Kliwon

neptune 1
Jumat

neptune 1
Sabtu

neptune 2



Lamun gunggungan saka neptuning dina lan neptuning pasaran mau tinemu wilangan :


1. 7, iku tiba petungan : Nuju Padu, watake panganten utawa wong tuwane tansah tukar padu nganti salawase .


2. 2 utawa 8, iku petungan : Demang Kandhuruhan, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu lara.


3. 3 utawa 9, iku petungan : Sanggar Waringin, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu bungah lan seneng.


4. 4 utawa 10, iku petungan : Mantri Sinaroja, watake panganten utawa wong tuwane sok nemu karaharjan lan kasenengan.


5. 5 utawa 11, iku petungan : Menjangan
Ketawan, watake panganten utawa wong tuwane sok kelangan utawa wong
akeh sok ana kang duwe niat ala marang dheweke.


6. 6 utawa 12, iku petungan : Nuju
Pati, watake panganten ora suwe, bakal pegat mati utawa pegat urip, tur
akeh kasusahan kang tinemu.


SEJARAH DINTEN PEKENAN WULAN TAUN

PAWUKON SA’AT TUWIN WINDU


Kanjeng Nabi Idris saweg jumeneng Nata
wonten ing nagari Malebari, punika karsa angleluri, anulad amastani
dinten. Semanten etanging taun surya 1020 taun awit saking Kanjeng Nabi
Adam. Ing ngandhap punika pratelanipun dintenSamsu, Kammar, Marih,
‘Atarit, Mustari, Johar lan Jokal Punika panganggitipun dinten ingkang
kaping sepisan.


Nomer kekalih Kanjeng Nabi Idris, saweg
jumeneng Nata wonten nagari ing Babel, lajeng Kanjeng Sultan
Harmasulhakim, karsa anganggit amastani adamel dinten malih, anuju ing
taun surya 1028. Ing ngandhap punika pratelanipun dinten Awal, Ahwal,
Dibar, Jibari, Munisa, ‘Arobah lan Sayar. Punika panganggitipun dinten
ingkang kaping kalih. Ing ngandhap punika etangan warsa:


# Kamal

# Sur

# Joja

# Sirtan

# ‘Asat

# Sunbullah

# Mijan

# ‘Akrab

# Kus

# Jadi

# Dalwi

# Kut


Wonten ing P. Jawa ingkang jumeneng Nata
Sri Maha Raja Buddhawaka, negari ing Gilingwesi, anenulad anganggit
dinten, ingakng setunggal dinten 5, kekalih dinten 7, tetiga wanci 5
dipun wastani sa’at, sakawan masa, panganggitipun Resi Raddhi sakawan
wau sinangkalan : Masa angler manglar (taun 296).












Dinten 5
Legi

Paing

Pon

Wage

Kliwon
Dinten 7
Radite

Soma

Anggara

Buddha

Respati

Sukra

Saniscara
Wanci 5 kawastanan sa’at
Maheswara

Bisnu

Brahma

Sri

Kala




Masa 12:









Kartika
Pusa

Manggasri

Sitra
Manggakala
Naya

Palguna

Wisaka
Jita
Srawana

Padrawana

Asuji


Jumeneng Ratu Rama ing Ayodya, Kraton
binathara, ambawahaken tanah Hindhu sadaya, pujangga tetiga, sami
anganggit lambang piyambak-piyambak, dipun wastani windu,
panganggitipun windu, empu tetiga wau, sinangkalan : Rasa warna suci
(446)


Windu anggitanipun Resi Walmiki:









Windu Adi
Windu Sancaya

Windu Kunthara

Windu Sangara
Windu Kawanda
Windu Wahana

Windu Sangkaya

Windu Pranila
Windu Tirta
Windu Antara

Windu Manggada

Windu Murka


Windu anggitanipun Resi Wisakarma :












Windu Kawanda
Windu Wahana

Windu Sangkara
Windu Pranila
Windu Tirta

Windu Tirta
Windu Manggada
Windu Murka





Windu anggitanipun Resi Wasusarma









Windu Kararti
Windu Kara
Windu Setra
Windu Karta
Windu Praniti
Windu Pranila





Kanjeng Nabi Muhammad S.a.w punika
inggih karsa anenulad, amastani adamel dinten utawi wulan taun,
panganggitipun nalika yuswa 33 taun, taksih jumeneng wonten ing Mekkah,
sareng yuswa 40 taun pindhah dhumateng nagari ing Madinah ing warsa Je
jumeneng wonten nagari ing Madinah 25 taun seda, lajeng kasarekaken
kadhaton ing Madinah.Amangsuli cariyos panganggitipun ing dinten wulan
taun, sinangkalan : Tata pandhita gati (575)








Dinten 7 :
Ahad

Isnain

Salasa

Arbaa

Khamis

Jum’at

Sabtu
Taun 8 :
Wawu

Jimakhir

Alip

Ehe

Jimawal

Je

Dal

Be

Wulan 12 :


Sura


Sapar


Mulud


Rabi’ulawal


Rabi’ulakhir


Jumadilawal


Jumadilakhir


Rajab


Sa’ban


Ramadhan


Syawal


Dzulka’idah


Besar








silahkan anda Copy paste artikel diatas
tapi kalau anda tidak keberatan mohon cantumkan sumber dengan linkback ke blog ini.
terimakasih....!!!

0 komentar:

Posting Komentar